اللهم صلى و سلم على سيد نا و مو لنا محمد
عد دما في علم الله صلاة دائمة بدوام ملك الله
wong islam wajib luru ngilmune agama
gede cilik lanang wadon enom tuo
wajibe wiwit isih ono neng gendongan
ojo liren yen durung mlebu luwangan
golek guru ojo wedi ing kangelan
najan anane iku adoh temenan
koyo ngene dawuhe njeng nabi kito
tandangono yen pancen kepengin mulyo
sebab ngelmu biso ngerti syah lan batal
sunnah mubah, makruh wajib haram halal
ngilmu iku ibarat benteng kang kuat
biso ngrekso saking beboyo lan afat
ngilmu iku ngadohake laku maksiat
lan ndadekake hasile asih lan rohmat
ngilmu iku biso ngunggahake drajat
mulo podo ngudiyo kang sregep lan semangat
kanjeng nabi dawuh siro podo mulango
yen ora mulang siro sing sregep ngajio
yen ora mulan lan ora ngaji podo ngrungokno
muput mupute siro podo demeno
golek ngilmu luwih gede ganjarane
timbang sholat sunnah sewu rokaate
lungguh sak jam ngadep guru luwih utomo
timbang glakoni ngibadah sewu warso
wong golek ngilmu ikulah padane
wong kang perang sabil mbelo agamane
lamon mati wong mau syahid hukume
najan ole mati ing nduwur kasure
luwih gede mungguh Alloh fadilahe
timbang wong mati syahid sewu akehe
wong ngalim iku pewarise poro nabi
ahli lanngit lan bumi demen lan muji
ora leren leren nyuwunake ngapuro
tekan kiyamat nalika ngalim iku sedo
luru ngelmu aja dianggep sepele
krono kanjeng nabi wus ngendikaake
baguse dunyo lan ugo akherate
iku ngelmu kang kanggodadi dasare
ngilmu iku dadi obor lan tuntunan
nang dunyo tumeko caman kelanggengan
mulo ayo tandang ngaji bebarengan
ojo ngai keri mundak kapitunan
yen wis hasil ngilmu iku dilakoni
krono buahe ngelmu iku dilakoni
Ya Alloh kulo nyuwun ngilmu kang manfaat
ingkang saged mbekto kito dateng taat
tinebihno saking dosa lan maksiat
kulo nyuwun wilujeng donya akherat
YaAlloh mugi Indonesia paringono
Ridho Alloh Aman Makmur Lan Sentoso
Tidak ada komentar:
Posting Komentar